Minggu, 01 Agustus 2021

NJAGI TETUNGGILAN - RENUNGAN BAHASA JAWA

 NJAGI TETUNGGILAN


Kita tamtu sami mangretosi kekidungan saking KPK 319. Punapa jejer kekidungan punika? Leres. Jejeripun Endahe Saduluran. Wonten ing kidung punika kaandharaken bab ingkang wigati lan kedah dipunwujudaken. Bab punapa punika? Inggih punika gegayutan kaliyan tetunggilan ing satengahing maneka warni kawontenan ingkang beda-beda. Beda ing kabudayaan, agami, suku lan latar belakang. Nalika saben kita saged njagi tetunggilan punika, saged nuwuhaken kaendahan. Kaendahanipun punika kadosdene kluwung. Sinaosa kluwung punika kabangun dening warna ingkang beda-beda, ananging nalika saged nyatunggil nuwuhaken kaendahan. Mekaten ugi ingkang dipun ngendikakaken wonten ing waosan kita dinten punika.

Serat Efesus 4:1-16 dados satunggaling Serat pangengen Rasul Paulus. Wonten ing serat punika, Rasul Paulus paring piwucal lan pepenget dhateng Pasamuwan Efesus. Punapa isinipun? Isinipun supados pasamuwan saged mujudaken sikep mbangun lan njagi patunggilan ing satengahing maneka warni kawontenan (ayat 3). Bab punika kadhasaran awit pasamuwan Efesus sampun nampeni sih rahmat lan kamirahan saking Gusti Yesus. Nalika pasamuwan njagi patunggilan kedah kadhasaran kanthi 3 sikep. Sikep punika inggih kanthi manah ingkang sabar, andhap asor lan katresnan kalayan samidene tulung-tinulung. Nalika pasamuwan Efesus saged nelakaken sikep punika, kaendahaning tetunggilan saged maujud.

Mekaten ugi kaliyan gesang kita sakmangke. Kita sami gesang ing satengahing Bangsa ingkang maneka warni agama, budaya, ras lan latar belakang. Pangandikanipun Gusti punika dados pepenget lan mbereg kita sumangga sami dene njagi lestaring tetunggilan. Samia mujudaken kluwung kang endah. Sinaosa kawontenan beda-beda ananging nyatunggil. Tinalesan sikep ASK “andhap asor, sabar lan kebak katresnan anggen kita njagi tetunggilan. Satemah kluwung kang endah saged mawujud ing gesang kita. Amin


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa