Minggu, 29 Agustus 2021

JAGANEN ATIMU - Renungan Bahasa Jawa

 JAGANEN ATIMU

(Markus 7:23)


“Jagalah hati jangan kau nodai, jagalah hati lentera hidup ini”. Temtu kita nate mireng cakepan tembang punika. Menawi dipungatosaken tembang punika badhe paring pemut dhateng sadaya tiyang. Pemut supados saben tiyang saged njagi resiking manah. Awit saking manah ingkang resik badhe nyunaraken cahya ingkang padhang. Ananging menawi kosok wangsulipun. Menawi manahipun tiyang punika reged mila nuwuhaken tumindak ingkang reged ugi. Reged ing ngriki gegayutan kaliyan tumindak-tumindak ingkang ngrugekaken sesami, ingkang ala, lamis lsp.

Pancen leres bilih manah punika dados sumbering sadaya tindak tandukipun tiyang. Bab punika ugi dipuntandhesaken dening Gusti Yesus piyambak. Markus 7:23 “Sakehe piala iku thukul saka ing jero lan marakake najis marang manungsa.” Ayat punika paring piwucal dhateng para sekabat supados tansah njagi manahipun. Sampun ngantos gesanging para sekabat punika kados dene tiyang-tiyang Farisi lan ahli Toret ingkang manahipun kebak ing culika saha prakawis ingkang awon. Satemah tindak tanduk, tetembunganipun ugi nyunaraken bab ingkang mboten mranani penggalihipun Gusti Yesus. Wonten ing ngriki Gusti Yesus ugi mbereg dhateng para sekabat. Supados para sekabat boten nulad sikep gesanging golongan Farisi lan ahli Toret kalawau.

Njagi manah supados tetep murni, tansah ajrih asih dhumateng Gusti sampun sakmesthinipun kita wujudaken. Awit manah punika sumbering sadaya pitembungan lan tindak tanduk ingkang kita wujudaken. Supados kita saged tansah njagi manah, kita kabereg supados saged nggesangi pangandikanipun ing gesang kita. Nalika kita saged nggegesang Pangandikanipun Gusti pramila kita tansah kaparingan kakiyatan. “Jaganen atimu awit ati iku sumbering kabeh kang mawujud ing gesang kita.” Ati kang resik punika bakal nyunarake clorot kang padhang lan dados berkah kagem sadaya tiyang. Amin.*|MAG


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa