Senin, 09 Agustus 2021

LUMAKU ING DALAN KANG ANYAR (Efesus 5:1, 2) - RENUNGAN BAHASA JAWA

 

LUMAKU ING DALAN KANG ANYAR

(Efesus 5:1, 2)

 

“Di dalam dunia ada 2 jalan yang satu lebar yang satu sempit.” Punika satunggaling cakepan wonten ing lagu sekolah minggu. Lagu punika nedahaken bilih gesanging manungsa dipun aben-ajengaken kaliyan kalih margi. Lan ing ngriku manungsa kadhawuhan milih satunggal margi ingkang badhe dipunlampahi. Temtunipun anggenipun nemtokaken pilihan, manungsa badhe nimbang-nimbang kawilujenganipun dumugi ing papan tujuan.

Gambaran ing nginggil ugi ngemutaken dhateng kita gegayutan kaliyan gesanging karohanen tiyang pitados. Menawi dipun gatosaken lelampahan gesangipun manungsa ugi asring aben ajeng kaliyan 2 margi. Nalika kita ing posisi punika, margi pundi ingkang badhe kita kita pilih? Temtu kita sadaya badhe milih margi ingkang jamin kawilujenganing gesang kita. Margi ingkang dhatengaken tentrem rahayu. Lajeng caranipun kados pundi supadosa kita saged mangertos margi ingkang jamin kawilujengan kita? Wangsulanipun wonten ing Efesus 4:25-5:2.

Serat punika badhe nedahaken kalih prekawis kangge pasamuwan Efesus lan sadaya tiyang ingkang maos serat punika. Sepisan, mbereg saben tiyang supadosa tansah njagi lampahing gesang. Njagi supadosa tansah ngener dhumateng dhawuh-dhawuhipun Gusti. Bab punika kados ing ayat 25-32. Kalih, tansah nuladha Sang Kristus Yesus. Kenging punapa? Awit Panjenenganipun punika boten namung paring piwucal ananging saged ngecakaken ing gesang saben dinten.

Kanthi ngraos-raosaken Pangandikanipun Gusti punika, kita sami dipun engetaken supados mujudaken sikep ingkang prayogi, inggih punika samidene njagi lampahing gesang ngener dhumateng Gusti. Boten namung punika ananging ugia tansah saged nuladha Sang Kristus ing gesang saben ari. Amin.

 

 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa