Minggu, 07 April 2019

Pengakuan Iman Rasuli dalam Bahasa Jawa - Sahadhat Kalih Welas

SAHADHAT KALIH WELAS
(inggih punika Pangaken Pitados Rasuli)
Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.
Inggih pitados dhateng Yesus Kristus ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula.
Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.
Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan.
Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah.
Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkang Mahakawasa.
Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah.
Kawula pitados dhateng Roh Suci.
Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patunggilanipun para suci.
Punapa-dene pangapuntening dosa;
Tanginipun raga;
Sarta gesang langgeng.

 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa