Minggu, 22 Agustus 2021

DADIA SANTOSA - Renungan Bahasa Jawa

 

DADIA SANTOSA

(Efesus 6:10)

 

“Wasana dadia santosa ana ing patungilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane”. Temtunipun ayat punika anggadhahi makna ingkang wigati. Mbereg pasamuwan ing Efesus dalah sadaya tiyang pitados saged dados pribadi ingkang santosa. Supados bab punika saged dipun wujudaken, mila dipun betahaken satunggaling perjuangan. Bab punika kados ingkang dipun andharaken dening Rasul Paulus.

Wonten ing Efesus 6:10-20, Rasul Paulus paring pemut dhateng pasamuwan Efesus supados sami waspada dhateng panguwasa-panguwasa ingkang boten katingal (ayat 11-12). Temtunipun pangwasa punika badhe ngrusak gesang karohanen para pendherekipun Gusti ing Efesus. Supados pasamuwan boten dhumawah ing pangwasa punika, pramila Paulus mbereg supados pasamuwan saged mujudaken kalih sikep. Sepisan, sampun ngantos kompromi kaliyan pangwasa-pangwasa ing sakjawinipun Panguwaosipun Sang Kristus. Awit nalika pasamuwan punika purun kompromi, mila saged dipun pestekaken bilih piyambakipun temtu badhe dhumawah. Ananging nalika pasamuwan kumandel lan sumendhe dhumateng Gusti mesthi badhe nampi kakiyatan (ayat 10). Awit panguwaosipun Gusti Yesus punika boten wonten ingkang saged nandingi. Kalih, pambereg supados pasamuwan ginakaken peraboting kasukman. Punapa kemawon punika? Ing ayat 14-16 kita saged manggihi wonten 6 peraboting kasukman. Kayekten, kaadilan, Injiling tentrem rahayu, kapitadosan dhumateng Allah, karahayon lan sabdanipun Allah.

Mekaten ugi wonten ing gesanging pasamuwan kagunganipun GUsti ing wekdal sakmangke. Bilih pangwasa ing sakjawinipun Sang Kristus punika temtu wonten. Supados kita saged nglawan pangwasa punika lan saged unggul, dipun betahaken kalih sikep. Sepisan, Ngrumaosi bilih kakiyatan kita winates. Satemah kita betahaken kakiyatan saking ngaluhur. Kaping kalihipun, ginakaken peraboting kasukman. Kanthi mekaten kita saged ngadhepi pangwasa-pangwasa jahat lan tansah santosa. Amin.

 

 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa