BAHAN PAKEMPALAN PANDONGA BRAYAT MANGSA ADVEN II Pakempalan Pandonga Barayat ing mangsa Adven II menika inggih menika : kaling setunggal cawisaken manah kagem dedongan pribagi/ wekdal ening sesarengan brayat ing griya, cawisaken pepujen kagem memuji searengan, sakbibaripun menika dedongan nyenyuwun pimpinan Guti Yesus lantaran Roh Suci, sabibaripun menika Maos Waosan Kitab Suci lan Renungan ing ngandap menika :
“Methukaken rawuhipun Gusti salebeting paseksi”
Yésaya 49:8-13
Punapa ingkang badhé kalampahan menawi kita mireng bilih wonten satunggaling tiyang ingkang kita aosi badhé rawuh wonten ing griya kita? Menawi kula, badhé ngerigaken sadaya warganing brayat kanggé reresik griya: nyapu, ngepèl, tata-tata, kalebet laré-laré tumut ngrerenggan griya. Padatan griya mboten naté resik. Mesthi kémawon wonten panggènan ingkang reged, barang-barang ingkang gumlethak mboten samesthinipun, utawi pérangan témbok prelu dipun pasang lukisan utawi hiasan. Sadaya katindakaken kanggé memantes griya karana badhé nampi dhatengipun tamu agung wau. Lajeng, menawi sampun, kula cariyos dhateng tanggi bilih griya badhé kadhatengan tamu, tuwin sapinten pentingipun tiyang punika tumraping brayat. Sokur menawi tanggi inggih tepang kaliyan tamu, temahan saged sesarengan methukaken tamu ing griya kula.
Nabi Yésaya nampi pawartos ingkang sakelangkung mbingahaken magepokan Gusti Allah kagungan janji badhé ngluwaraken umat ingkang nandhang sangsara ing negari pambuwangan. Inggih karana punika
piyambakipun ngandharaken sabda pangluwaran dhateng umat. Kawedharaken janji ingkang agung punika
lumantar tutukipun sang nabi, nggambaraken kadospundi adrengipun Gusti Allah ngluwari umat ingkang sadangunipun punika nandhang sangsara, Yesaya 49:9b-10 nyerat, “Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket, tuwin sanadyan ana ing sakèhing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket. Mulané ora padha luwé utawa ngelak; ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengéngé kang sumelet, amarga padha katuntun déning Sang Paring Piwelas padha kagiring menyang ing sumber-sumber banyu.” Salajengipun Sang Pangluwar punika ngajak umat supados mboten mèndel kémawon. Sesarengan kaliyan langit, bumi lan gunung-gunung, umat dipun ajak asurak-surak lan ngraosaken gumbiraning manah. Sesarengan kaliyan alam, umat kaajab dados seksi nyariyosaken sih katresnanipun Allah ingkang ngluwari umat.
Rawuhipun Gusti Yésus ing jagad minangka kapenuhaning prasetyanipun Allah. Ing satengahing lemes lungkrah lan dayaning karohanèn ingkang sampun garing, Gusti Allah ngutus Sang Putra ontang-anting dados
Sang Pangluwar. Mboten saking pambuwangan utawi panindhes saking bangsa sanès, ananging pangluwaran
saking pakunjaran karana panindhes ingkang katindakaken déning para pangajenging agami ingkang namung nengenaken dhateng paugeraning Torèt. Rawuhipun Gusti Yésus karsa aneksèni punapa ingkang sampun dipun ngandikakaken déning Gusti Allah lumantar nabi Yésaya, “Amarga Pangéran Yéhuwah nglipur umaté lan asih marang para wong kang dadi kagungané kang padha katindhes.” (ay. 13b).
Éngga jaman sapunika, kita prelu methukaken rawuhipun Gusti Yésus ing jagad minangka pawartos ingkang mbingahaken ingkang prelu kacariyosaken. Sang Sabda ingkang sampun manjalma minangka wujuding Gusti Allah nyawiji wonten ing jagad punika. Gusti Allah mmboten badhé négakaken umatipun nandhang sangsara. Ing satengahing pageblug ingkang kados dados panindhes salumahing donya, kita kaatag ngundhangaken prasetyanipun Gusti Allah, bilih Panjenenganipun nglipur lan nresnani umatiPun. Sumangga kita aneksèni lumantar mbabaraken raosing momotan sesarengan kaliyan sesami kita, satemah punapa ingkang kita tindakaken kathi tumemen dados seksi tumrap katresnanipun Allah kanggé sadaya manungsa.
Pepujen (Monggo milih piyambak), ngaturaken Pisungsung,dipungkasi dedonga syukur lan syafaat.
Gusti Yesus Mberkahi Gesang Kita Sedaya.