Minggu, 06 Desember 2020

Mujudaken Pamratobat Sejati - Markus 1:4

 Mujudaken Pamratobat Sejati - Markus 1:4 

 

Pratelaning pamratobat wonten ing buku PPA GKJ edisi 2005 kaca 24 kasebat wonten kalih perangan; inggih punika: (1). Pamratobat dasar; lan (2). Pamratobat padintenan. Pamratobat dasar kelampahanipun namung sepisan; inggih punika nalika tiyang ingkang dereng pitados purun nampi lan pitados dhateng Gusti Yesus. Dene  pamratobat padintenan kelampahan nalika tiyang ingkang sampun pitados awit saking karingkihanipun dhumawah ing dosa lajeng mratobat. Pamratobat padintenan tansah dipun lampahi dening saben tiyang pitados ing sauruting gesangipun.

Waosan Injil ing dinten punika nyariyosaken bab timbalan pamratobat ingkang katindakaken dening nabi Yokanan Pambaptis. Timbalan pamratobat punika perlu dipun lampahi awit umat ngrumaosi karingkihanipun pramila saged kemawon dhumawah ing dosa. Kita sadaya minangka

kagunganipun Gusti Allah, prelu mujudaken pamratobat ingkang sejati. Pamratobat sejati punika

kawujudaken  kanthi  saged   ngawonaken  panguwaos-panguwaos  ing   satengahing  ara-ara samun (ay 3). Panguwaos-panguwaos ing satengahing pasamunan punika nggambaraken kawontenaning manahipun manungsa ingkang benter lansuwung.

Wonten kalamangsanipun gesanging manungsa punika ugi benter lan suwung. Manahipun benter awit tembung-tembungipun tiyang sanes boten mranani ing panggalih. Mekaten ugi nalika nyanggi momotan ingkang awrat pikiranipun nglangutmila  dados  suwung  lan  peteng. Punika ndadosaken manungsa saged klentu anggenipun milih margi; sanes margi ingkang lenceng nanging margi ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti Allah. Pramila sumangga sesarengan tansah mujudaken pamratobat sejati kanthi manah ingkang adhem sarta kanthi pikiran ingkang kebak dening pangandikanipun Gusti Allah. Kanthi tumindak mekaten kita sampun nyawisaken margining Pangeran (ay. 3).

 

Sabda Winedar, 6 Desember 2020

 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa