Minggu, 07 Agustus 2022

Payo Padha Sesuci (Yesaya 1:16-17a)

 Payo Padha Sesuci

(Yesaya 1:16-17a)


Tembung sesuci ora kudu dimangerteni cara wantah: wijik asta utawa adus resik ngilangi ambune badan lan ngresiki rereged kang tumempel ing badan. Sesuci uga aja mung dimangerteni mbangun urip saleh yaiku sregep sembahyang; sregep ngibadah netepi pranataning agama supaya karenan ing Allah. Kang kinersakake dening Gusti bab sesuci yaiku ngibadah kang kinanthenan wewujudaning pakaryan kang maedahi tumrap kabeh titah. Iya pepadhane manungsa lan titah-titah liyane ing alam jembar iki. Kang mangkono iku kang diarani kamursidan utawa kesalehan. Ora ngemungake saleh ing bab pangibadah (vertikal) nanging uga kesalehan sosial (horizontal). Yaiku tumindak kang maedahi pepadha.

Iya laku mangkono iku kang kinersakake dening nabi Yesaya ing pangandika supaya para kagungane Gusti iku padha wisuh, reresik, ngedohi lan mareni gawe piala. Makarya kanthi becik lan urip adil. Kang mangkono iku mula wigati banget kanggo mbangun brayat kita, uga mbangun pasamuwan patunggilane Gusti, masyarakat, bangsa lan negara. Mungguh sesuci kang mangkono iku mula dadi dhawuhe Gusti marang kita kabeh satemah pakaryan kita ing madyaning bangsa iki temen-temen dadi pakaryan kang maedahi tumrap adeging bangsa kita.

Kasucene urip mangkono mau dadi tuladha tumrap tangga teparo lan kabeh wong ing sakiwa-tengen kita. Kita dhewe kudu padha yakin sumrambahe patrap sesuci ing masyarakat mesthi bakal bisa mujudake karaharjane bangsa kita. Mulane dhedhasar pangandikane Gusti ing dina iki, payo padha ndarbeki tekad sesuci. Jalaran iku kang kinersakake dening Gusti. Kita mbangun urip ing kasucen wiwit saka dhiri pribadi, brayat kita lan banjur sumrambah marang kabeh sedulur sabangsa.


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa