Minggu, 14 Agustus 2022

Mandeng Marang Gusti Yesus (Ibrani 12:2)

 Mandeng Marang Gusti Yesus (Ibrani 12:2)


Bab mandeng dhateng Gusti, ungeling Kidung Pasamuwan Jawi 275 mratelakakwen ”Srana mandeng ing salib, tyang dosa gesang...,lsp.” Punikamujudaken kumandeling para pitados bilih dosa mesthi nemahi pati. Wondéné pangandel dhateng Gusti mesthi nguwalaken saking paukuman pati. Ukuman pati punika paukuman ingkang tanpa wonten pangajeng-ajeng bab karahayon babar pisan. Umat Kristen ingkang sumebar saestu nedheng ngadhepi werni-werni bebaya ageng. Inggih punika panganiaya awit anggenipun  pitados dhateng sang Juru-wilujeng Gusti Yesus Kristus. Sanajan nampeni mawerni-werni bebaya lan panganiaya, kitab Ibrani nelakaken panglipur  bilih umatipun badhe kapitulungan rahayu. Uwal saking bebaya lan panganiaya.  Panglipur wau dipun andharaken srana paseksining para leluhur kados ta; Habel, Henoch, Nuh, Abraham lan sanes-sanesipun sami kandel ing pitadosipun dhateng Gusti.

Waosan kitab suci dinten punika nelakaken sedaya tiyang pitados ing pundi kemawon –kalebet kula lan panjenengan– supados manteb, tetep mandeng dhateng Gusti Yesus. Tegesipun kita para pitados kedah purun nuladha Gusti Yesus Kristus. Sanadyan ngadhepi kasangsaran ageng kedah  manggul salibipun, ewadene boten nampik. Kénging punapa kita kedah mandeng, nuladha Panjenenganipun? Jalaran awrating sesanggènipun Gusti“ngasta pracaya kita marang kasampurnan”. 

Pramila ing satengahing pambudidaya njejegaken adeging kulawarga murih nampeni kasampurnaning gesang; gesang langgeng wonten ing Gusti Yesus, sampun ngantos nglirwakaken dhawuhipun Gusti ”mandeng marang Gusti’. Sumangga mripating pitados kita ngener lan ngematna Salibing Sang Kristus ingkang sampun kepareng nglampahi sangsara lan seda murih kawilujenganing para titah. Srana mandeng ing salib, tyang dosa gesang. Tansaha mandeng ing salibing Gusti!



 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa