Minggu, 21 Agustus 2022

Kamardikan Kang Mbungahake (Lukas 13:12-13)

 

Kamardikan Kang Mbungahake (Lukas 13:12-13)


Taksih sesambetan kaliyan renungan dinten kala wingi, pranyata piwulang pangandikanipun Gusti ing dinten sapunika ugi mratelakaken wontenipun kabingahan krana dipun mardikakaken dening Gusti. Satemah sampun boten wonten momotan ingkang njiret malih. Kelampahanipun makaten: Nalika dinten Sabat, Gusti memulang lan nyarasaken tiyang sakit. Salah satunggalipun inggih punika pawestri ingkang sampun 18 taun dangunipun sakit wungkuk. Mesthinipun ibu kalawau ngraosaken panandhang ingkang awrat lan rekaos sanget. Sinareng Gusti mirsani, lajeng nimbali lan dipun ngandikani “He, mbok, lelaramu wis mari...”. Iba ta bingahipun ibu wau lan margi bingahipun lajeng ngluhuraken asmaning Allah.

Ewa semana, timbangane andon kabungahan awit kabegjane pawestri wungkuk ingkang nampeni kesarasan, lurahing papan pangibadah malah nepsu lan nyaruwe: “lah nek padha teka mertamba berobat iku aja ing dina Sabat, rak ana nem dina liyane!” Awit pamanggihipun, nyarasake tiyang sakit ing dinten sabat iku klebu nglanggar paugerane sabat. Nanggapi clathunipun wau Gusti ngendika: ”kowe iku wong lamis. coba gatekna kewanmu rak iya kok tuntun ngombe sanadyan iku dina Sabat, ta. Yen ora padha diombeni rak ya padha ngelak kasatan ta!” Pangandika wau nedahaken bilih boten lepat yen ta dinten Sabat Gusti nyarasaken. Gusti nyarasaken ing dinten Sabat wau murih luwaripun ibu ingkang sampun 18 taun nandhang momotan awrat krana sakitipun. Kasarasan punika mratandhani luwaripun manungsa saking jireting sesakit, lajeng sami ngluhuraken Allah.

Pangandika wau memulang kita: 1) Gusti boten kacencang dening pranataning manungsa bab dina; sedaya dinten dipun reh dening Gusti. 2) Gusti kagungan panguwaos mardikakaken tetiyang ingkang kabandha ing kasangsaran 3) Pangluwaraning Gusti nyawabi tiyang gesang ing salebeting kamardikan. Kalebet mardika anggenipun memuji saha ngluhuraken Allah. Sumangga ngluhuraken Gusti, ingkang ugi sampun ngluwari kita. 


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa