Dipadha Bisaa Rumangsa (Lukas 14:11)
Ing sawijining pawiwahan manten kula mrangguli wonten bapak-ibu
sarimbit lenggah ing kursi ngajeng. Sasampunipun sawetawis wekdal juru
among tamu nyumanggakaken bapak-ibu wau pindah mawingking jalaran
wonten tamu malih ingkang kedah dipun aturi lenggah ngajeng. Kula mbatos
”rak ya isin ta bapak-ibu mau, ora ngrumangsani temen, ora ngilo githoke
dhewe. Mesthi tamu anyar mau drajade luwih dhuwur!”.
Lah makaten ugi lelampahan pasemon ingkang dipun ngendikakaken
dening Gusti Yesus ing waosan Injil Lukas 14. Tepa slira, tahu diri, bisa
ngrumangsani. Perangan ingkang wigatos ing tengahing gesang bebrayan.
Badhea ing brayat, pasamuwan punapa dene masyarakat. Patrap bisa
rumangsa punika patrap lembah manah. Ngasoraken manah, andhap asor.
Punika boten ateges asor, malah nedahakan kamulyan, jalaran ngesoraken
awakipun piyambak, suka atur pakurmat dhateng tiyang sanes. Gusti Yesus
ngandika sinten ingkang andhap asor inggih punika ingkang badhé kaluhuraken.
Kosok-wangsulipun ingkang ngluhuraken awakipun piyambak, ingkang ngegungegungaken dhiri malah badhe kaasoraken! Gusti memulang sejatosipun ingkang nganggep bab mulya-asoripun manungsa punika boten kok awakipun
piyambak, nanging kadospundi panganggepipun tiyang sanes. Lah ing ngriki
perlunipun kita rumaos bisa rumangsa, wani ngilo githoke dhewe, ngasoraken
manah lan ngurmati adeging tiyang sanes.
Patrap tepa slira, “aja rumangsa bisa, ananging bisaa rumangsa”, mila
penting ing gesang bebrayan. Urmat-ingurmatan, ajen-ingajenan dados
wujuding lembah manah; nebihaken wewatekan gumunggung. Sebab
gumunggungging manah badhe ndadosaken patrap nyepelekaken tiyang
sanes. Lan yen ngantos makaten badhe tebih saking santosaning gesang
bebrayan. Patrap lembah manah punika boten ngemungaken kaetrapaken
ing dhiri pribadi, ananging sumrambah ing gesanging bebrayan agung.