Minggu, 31 Juli 2022

Kawruh Sanyata (Kolose 3:10)

 Kawruh Sanyata (Kolose 3:10)


Mbabaraken katresnanipun Gusti ing gesang sanyatanipun boten gumanthung sepinten dangunipun kita dados tiyang kristen. Ugi boten saged katemtokaken saking jembaring kawruh bab Gusti Allah, punapa  dene sepinten kathahing peladosan ingkang dipun ayahi. Ananging saestu  gumanthung kaliyan kawruh ingkang sanyata, inggih punika Gusti Allah  wonten ing Sang Kristus ingkang sampun kepareng milujengaken manungsa lumantar salib murih manungsa kapulihaken malih kalenggahanipun minangka gambar lan pasemonipun Gusti.

Awit saking punika, tumrap pasamuwan Kolose ingkang sami manjing pitados dhumateng Gusti Yesus, Rasul Paulus paring pambereg supados  pasamuwan diteguh, yakin lan mantep ing kawruh sanyata. Kawruh ingkang nyawabi gesanging pasamuwan ngrasuk gesang anyar. Wondéné gesang anyar punika boten mandeg, ananging saben dinten tansah mbudidaya nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Kanggé mangertosi punapa ingkang dados karsanipun Gusti, tiyang pitados punika saben dinten badhe tansah nggegilut, ngraos-raosaken sabda pangandikanipun Gusti. Tiyang ingkang  tansah nggegilut saha ngraos-raosaken sabda pangandikanipun Gusti, temtu mindhak dinten kepareng ngraosaken kawruh kang sanyata. 

Temtu kemawon, kebabaripun gesang anyar, kebabaripun kawruh sanyata lan kebabaripun gambar lan pasemonipun Gusti boten perangan ingkang  ujug-ujug. Mbetahaken proses lan pambudidaya ing salimining gesang.

Tangèh lamun saged kebabar menawa mligi ngendelaken kekuataning pribadi. Anamung suméndhé ing daya kasektèning Sang Roh Suci, kita kepareng mujudaken Sang Kristus, ingkang minangka titah anyar, kawruh ingkang  sampurna lan kasampurnaning gambar tuwin pasemonipun Gusti. 

Sumangga kita tansah mbudidaya nindakaken tata gesang anyar, ingkang salaras kaliyan kawruh sanyata, temahan gesang kita badhe ngetingalaken  gambar lan pasemonipun Gusti.


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa