Nindhes (Amos 8:4)
Gesang nampeni panindhes punika temtu boten sekeca, kepengin enggal saged luwar. Gesang ing kawontenan mlarat saha katindhes temtu sangsaya awrat anggenipun ngadhepi. Temahan boten sakedhik ingkang tundanipun kagungan sikep dendam dhateng sesami. Menawi lampahing jagad kados makaten temtu sangsaya tebih saking swasana tentrem-rahayu.
Ing satunggal sisih kawontenaning bangsa Israel nalika semanten punika bangsa ingkang makmur. Kathah tiyang ingkang sugih, saged mbangun griya ingkang endah, kepara asring ngawontenaken pista ingkang ageng. Ananging sanadyan binerkahan ing kasugihan, boten dipun ginakaken kangge mitulungi tiyang sanes. Gesangipun sangsaya srakah, ngapusi tiyang ingkang jujur, ndawahaken pajeg ingkang awrat dhateng tiyang mlarat. Temahan tiyang ingkang mlarat sangsaya sangsara ngadhepi kanyataning gesang.
Pancen umat taksih nindakaken pahargyan pangabekti. Ananging punika namung lamis kemawon. Kepara kangge nutupi bobrokipun tumindak. Mila Amos ngèngetaken tumrap tiyang ingkang sami nindhes tiyang miskin saha ngrusak tiyang ingkang mlarat, bilih Gusti Allah boten badhe nyupekaken tumindakipun tiyang-tiyang punika. Mekaten ugi Gusti Allah boten ngersakaken umat kagunganipun sami tumindak sawenang-wenang.
Kita sinau sesarengan saking lelampahan punika, menawi katindhes punika boten sakeca, prayogi kita ugi boten nindhes sesami. Tumraping kita ingkang kagungan kalenggahan, punapa dene ing brayat ingkang kagungan rewang (pembantu rumah tangga), punapa kita tumindak nindhes ugi? Sumangga kita endheg tumindak nindhes punika.