Nyenyuwuna! (Lukas 11:9)
Boten sadaya tiyang kangge nyenyuwun punika kagungan raos wantun.Sanadyan punika dhumateng tiyang ingkang sampun dipun tepangi. Langkung langkung dhumateng tiyang ingkang dereng dipun tepangi. Mila kanggé nyenyuwun punika dipun betahaken raos wantun. Pancen boten sakedhik ugi kita prangguli, wonten piyantun menawi kagungan panyuwunan nembe kersa pinanggih. Prekawis punika kalampahan boten namung sesambetan kaliyan tiyang sanès, ananging ugi sesambetan dhumateng Gusti Allah. Waosan wekdal punika maringaken pitutur, supados kita wantun lan purun nyenyuwun dhumateng Gusti Allah. Gusti maringaken prasetya tumrap tiyang ingkang nyenyuwun bakal kaparingan, ingkang ngupaya bakal pikantuk, ingkang thothok-thothok bakal kawenganan kori.
Sanadyan makaten, ingkang asring kalampah kathah piyantun ingkang kagungan pamanggih, menawi makaten Gusti mesthi badhe maringaken tumrap sadaya ingkang kasuwun. Pancen saged kalampah makaten, ananging panyuwunan kita boten ateges meksa dhumateng Gusti Allah maringaken sadaya punapa kemawon ingkang dados panyuwunanipun. Temtu sedaya inggih manut miturut dhateng kersa lan kawicaksananipun Gusti. Mila dipun betahaken sikep ngasoraken dhiri, pasrah-sumarah, manut ing karsanipun Gusti kangge nyenyuwun dhumateng Gusti Allah. Punapa kita ugi sowan dhumateng Gusti menawi wonten panyuwunan kemawon? Prayoginipun, nyenyuwun dhumateng Gusti punika katindakna ing sadaya kawontenan gesang ingkang pinanggih. Badhea bingah utawi sisah, begja punapa dene cilaka, tansah sowan Gusti. Supados sesambetan kaliyan Gusti tansah lestari.|