PANDONGA
Dhuh Pangeran ingkang Mahasuci. Kawula ngaturaken sagunging pamuji. Awit berkah Paduka dhatan kendhat anggenipun mili ngebaki gesang kawula sami mila saking punika manah kawula bingah tanpa upami. Dhuh Pangeran ingkang tansah kawula bekteni. Namung dhumateng Paduka kawula sujud angabekti. Lumebet ing wulan Juli punika. Kawula mitadosaken sawetahing gesang lan pakaryan saben ari. Kepareng Paduka ingkang mberkahi. Anak putu kawula mugi tansah Paduka reksa. Tinuntuna ing margining kaleresan Paduka. Dhuh Pangeran ingkang Mahamulya. Mugi kepareng ngapunteni sakathahing dosa lan panerak kawula. Manah kawula mugi Paduka sucekaken. Supados gesang kawula tansah jumbuh kaliyan karsa Paduka. Pandonga punika kawula unjukaken kanthi pitados. Dhumateng Putra Paduka, Gusti Yesus Kristus. Juruwilujeng kawula. Amin
Derep (Lukas 10:2)
Satunggiling wekdal pinanggih kaliyan para kadhang among tani,ngajengaken mangsa panen. Sedaya sami reraosan menawi wekdal-wekdal punika ing papanipun angel kangge pados tiyang derep. Murugaken ing tlatahipun kathah ingkang anggenipun panen sesarengan. Tundhanipun kepeksa kanthi keraya-raya ngenèni pantun piyambakan. Sanadyan mbetahaken wekdal ingkang dangu awit saking kathahipun panenanipun. Pancen kangge manggihaken tiyang ingkang purun derep, ing satunggiling papan karaos angel. Ananging saged ugi ing papan sanesipun karaos gampil. Langkung-langkung tumraping para kaneman, menawi dipun dhawuhi derep dèrèng temtu purun. Kepenginipun nyambut damel ing papan ingkang langkung mentereng. Nganggep menawi derep punika pakaryan ingkang asor tur reged; gupak lendhut lan blethok. Kamangka manawi boten wonten tiyang ingkang purun derep kadospundi saged ngraosaken asiling panenan.
Kawontenan kados makaten punika ingkang kadosipun dipun agem Gusti Yesus kangge gambaraken kawontenaning ayahaning paladosan ingkang mbetahaken para palados. Gusti Yesus ngajak kathah tiyang kangge nyengkuyung ndhèrèk peladosan, awit jagad saestumbetahaken pangluwaraning dosa inggih punika kawilujengan. Anggènipun ngutus para sakabat martosaken kabar kabingahan, boten ing satengahing jagad ingkang kebak kabingahan lan tentrem rahayu, ananging ing satengahing jagad ingkang kebak ing tantangan kepara panandhang. Kalawan sumendhe ing sihpitulunganipun Gusti nyawabi kebabaripun kratoning Allah.
sami ndherek derep; ngundhangaken sih-rahmating Gusti. Gusti ingkang
ngutus, Gusti piyambak ugi ingkang nganthi saha nyembadani!