Minggu, 26 Juni 2022

Pambudidaya Mesthi Ndhatengaken Kasil (II Para Raja 2:6b)

 Pambudidaya Mesthi Ndhatengaken Kasil

(II Para Raja 2:6b)


Estunipun nabi Elia sampun ndhawuhi ngantos rambah kaping tiga supados Elisa kendel kemawon lan boten nglajengaken anggenipun ndherekaken piyambakipun. Nanging ugi rambah kaping tiga anggenipun sang Elisa nampik dhawuhipun nabi Elia. Nalika pepanggihan kaliyan nabi sapantha ing Betel, sang Elisa sampun nedahaken bilih piyambakipun sampun mangertos punapa ingkang badhe kelampahan; inggih punika nabi Elia badhe kapulung dhateng swarga dening Sang Yehuwah. Temtu punika ingkang dados landhesan anggenipun wantun nolak dhawuhipun nabi Elia minangka bendaranipun.

Sakumpami Elisa rikala semanten milih kendel lan boten nglajengaken krentegipun ndherekaken Nabi Elia, tamtu piyambakipun badhe kecalan punapa ingkang mangaribawa tumrap gesang lan peladosanipun. Lan piyambakipun ugi boten badhe dados seksi prastawa ageng ingkang kaserat ing Kitab Suci; inggih punika kapulungipun Nabi Elia dhateng swarga. Elisa ing sakderengipun namung tepang kaliyan Gusti Allah lumantar piwulangipun Nabi Elia. Nanging saksampunipun prastawa ing bengawan Yarden, piyambakipun sangsaya ngrumaosi bilih gesangipun punika namung gumantung dhateng Gusti Allah; mliginipun anggenipun nerasaken peladosan nabi Elia (ayat 14).

Tembung bilih pambudidaya mesthi ndhatengaken kasil punika saestu kelampahan wonten gesangipun sang Elisa. Piyambakipun keraya-raya ndherekaken dhateng pundi kemawon bendaranipun tindak sinaosa dipun penggak. Saking pangurbanan ingkang katindakaken, sang Elisa nampi punapa ingkang dipun suwun. Waosan ing wanci punika ngatag kita supados temen ing pambudidaya. Pancen ewed, ngrekaos lan wonten bab-bab ingkang kakurbanaken kados dene kasenengan, wekdal lan tenaga. Nanging tundhanipun mesthi boten badhe nguciwani, punapa malih nalika pambudidaya punika kangge brayat, tiyang-tiyang ingkang dipun tresani, punapa malih kagem kamulyanipun Gusti Allah. 


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa