Minggu, 05 Juni 2022

Gesang Ing Roh Suci (Yokanan 14:16-17a)

  Gesang Ing Roh Suci (Yokanan 14:16-17a)

Dinten punika kita mahargya prastawa tumedhakipun Sang Roh Suci ing dinten Pentakosta. Nalika semanten Roh Suci nedhaki para rasul. Roh ingkang asalipun saking Gusti Allah punika ingkang sampun kaprasetyakaken dening Gusti Yesus dhateng para sekabat minangka Juru Panglipur ingkang badhe mitulungi para sekabat ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah. Roh Suci kaparingaken supados nganthi lan ndayani para pandherekipun Gusti Yesus supados saged ngener ing piwulangipun Sang Kristus ingkang  sejati. Roh punika nuntun kita wanuh lan pitados dhumateng Gusti Yesus saha nyagedaken kita gesang tresna-tinresnan, cundhuk kaliyan dhawuhipun. 

Pentakosa menika ugi dinten wiyosipun pasamuwan awit saksampunipun Petrus ingkang katedhakan Roh Suci medhar sabdanipun Gusti Allah, tigang ewu tiyang lajeng sami manjing pitados lan kabaptis. Prastawa Pentakosta ugi nedahaken bilih gesang lan pakaryaning tiyang pitados tansah kaanyaraken awit dipun kanthi lan dipun tuntun dening Roh Suci; katitik saking anggenipun Petrus ingkang sewaunipun brangasan nanging sapunika kotbahipun damel tigang ewu tiyang manjing pitados. Sang Roh Suci ingkang nedhaki lan makarya ing gesangipun tiyang pitados, damel kita sami saged ngedalaken wohing Roh; inggih punika “katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabarsareh, paramarta, kabecikan, setya, alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri” (Galati 5:22-23). Mahargya tumedhakipun Sang Roh Suci ugi ateges kita mahargya anggen kita kalairaken dados manungsa anyar ingkang gesang kaereh dening Roh lan kabeneran. Sumangga sami ngenget-enget baptisan kanthi toya ingkang mratandhani bilih ingkang kita tampi nalika ngakeni pitados lan masrahaken gesang sakwetah wonten ing Gusti Allah, sineksenan dening pasamuwan. Sumangga sami gesang ing margi ingkang kawulangaken dening Roh Suci. 


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa