Minggu, 19 Juni 2022

Fokus (1 Para Raja 19:15a)

Fokus

(1 Para Raja 19:15a)


Nabi Elia ngraosaken ajrih sanget saksampunipun kaancam dening prameswari Izebel. Punika kados-kados boten tinemu nalar awit sakderengipun, nabi Elia sampun ngasoraken lan mejahi 450 nabi Baal ing lepen Kison. Kenging punapa piyambakipun wantun ngadhepi mungsuh kathah nanging lajeng ajrih ngantos keplajar awit satunggaling wanita?

Sacara psikologis ingkang dipun alami dening nabi Elia punika awit saking badan lan nyawanipun sampun lungkrah. Dados piyambakipun nembe kemawon mejahi nabi-nabi Baal lan mlajar saking prameswari Izebel kanthi kesah dhateng redi Horeb. Sacara kamanungsan, piyambakipun nindakaken sadaya punika piyambakan. Ing saklebeting kawontenan ingkang mekaten, limrahipun tiyang lajeng rumaos kijenan lajeng tuwuh raos welas dhateng dhirinipun piyambak. Nalika mejahi nabi-nabi Baal, nabi Elia fokus dhateng pakaryanipun Gusti Allah awit piyambakipun boten rila ningali bangsa Israel “laku dhengkling lan mangro tingal” (I Raja 18:21). Dene nalika ngadhepi prameswari Izebel, piyambakipun fokus dhateng kawilujengan dhirinipun piyambak satemah damel ringkih manahipun. Gusti Allah lajeng paring panglipur lan kakendelan kanthi ndhawuhi supados kesah dhateng Damsyik. Ing sakuruting margi, nabi Elisa pinanggih Hazael, Yehu lan Elisa (ayat 15b-16).

Nalika ngadhepi prekawising gesang, kita tamtu nate ngraosaken lungkrah lan semplah. Punika saged kelampahan wonten ing griya, ing papan panyambut damel, ing saktengahing pasrawungan lan ugi ing saktengahing pasamuwan. Sumangga sami niti-priksa dhiri kita, punapa bab ingkang njalari kita lungkrah lan semplah. Punapa punika awit kita langkung fokus dhateng dhiri kita piyambak lan rumaos nyambut damel piyambak? Sangsaya ningali dhirinipun piyambak, malah damel kita sangsaya lungkrah. Mila sumangga fokus malih dhateng karsanipun Gusti Allah, satemah badhe nampi kakiyatan lan panglipuran. 


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa