Minggu, 12 Juni 2022

Katuntun Dening Roh Suci (Yokanan 16:13)

 Katuntun Dening Roh Suci

(Yokanan 16:13)


Para pandherekipun Gusti Yesus lan umatipun Gusti Allah boten badhe gesang sakpikajengipun piyambak awit minangka tiyang tebusan, gesangipun punika kagunganipun ingkang nebus; inggih punika Sang Kristus Yesus minangka Gusti lan Bendaranipun. Gesangipun temtu kedah selaras kaliyan karsanipun Sang Bendara. Nanging bab punika ewed menawi katindakaken salugu kanthi daya-kakiyatan lan nalar-bebudening kamanungsan. Mila Gusti Yesus paring prasetya bilih Roh Suci badhe rawuh lan nunggil kaliyan para pitados saktemah saged nuntun lampah gesangipun para tiyang pitados.

Mila tiyang pitados prelu atur papan-panggenan ing gesangipun supados Sang Roh Suci saged makarya lan nuntun gesang kita. Lajeng kados pundi titikanipun tiyang ingkang gesangipun katuntun dening Sang Roh Suci? Miturut Injil Yohanes 16:12-15, gesangipun tiyang ingkang dipun tuntun dening Sang Roh Suci punika katitik saking anggeipun nggadhahi tata gesang inggih punika ingkang sepisan, gesangipun nindakaken kaleresan. Tiyang ingkang gesangipun katuntun dening Roh Suci mesthi tansah mbudidaya nggegilut lan ngestokaken piwulangipun Gusti Yesus minangka bebener ingkang selaras kaliyan karsaning Sang Rama. Ingkang kaping kalih, gesangipun mesthi kebaking panuwun sokur ingkang kawujudaken kanthi nebihi piala, ngarah gesang suci lan tresna dhateng sesami dalah alam sakiwatengenipun awit ngrumaosi lan tansah enget dhateng sih-kamirahaning Allah ingkang milujengaken piyambakipun.

Ingkang kaping tiga, gesangipun mesthi tansah kagem kaluhuranipun Gusti Allah lan Gusti Yesus. Ing ayat 14 nalika Gusti Yesus ngandika; “Panjenengane bakal ngluhurake Aku”, punika ateges saben tiyang ingkang gesangipun katuntun dening Sang Roh Suci temtu badhe nampi daya kangge nindakaken dhawuh timbalanipun Gusti Allah satemah lampah gesangipun punika kagem kaluhuran asmanipun Gusti Allah. Kadospundi kaliyan gesang kita?


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa