Minggu, 15 Mei 2022

Siswa Sejati (Yokanan 13: 35)

 Siswa Sejati

(Yokanan 13: 35)


Ndherekaken tindakipun Gusti Yesus dhateng pundi kemawon temtu ndadosaken para sekabat sami ngraosaken bingah lan bombong manahipun. Sinten tiyangipun ingkang boten remen menawi kadhapuk dados sekabatipun Gusti Yésus? Ananging Gusti Yésus pirsa bilih raos punika saged ndadosaken para sekabat gumunggung. Punika saged katitik nalika ing sawijining dinten wonten ingkang sami regejegan babagan sinten ingkang langkung utami ing sisihipun Gusti Yesus. Temtu kémawon punika ndadosaken Gusti Yesus boten karenan.

Ing waosan samangke, kita manggihaken bilih Gusti Yesus paring dhawuh supados para sekabat sami nandukaken katresnan dhateng sesami awit punika ingkang dados cara anggenipun tiyang kathah sami niteni para siswanipun Gusti Yésus. Kénging punapa mekaten? Awit Gusti Yésus asring mucal bab katresnan dhateng tiyang Israèl. Mesthinipun, para sekabatipun ugi ngecakaken piwucal punika. Kosokwangsulipun menawi para sekabat sami regejegan, punika saged ndadosaken pitakenanipun tiyang kathah: “kok muridé Gusti Yesus koyo ngono patrapé?” Temtu kemawon tiyang- tiyang wau ugi saged sami reraosan: “geneya Gusti Yesus ora bisa mulang para sekabate?”

Dhawuh punika ugi katujokaken dhateng kita samangke minangka pandherekipun Gusti Yésus. Menawi gesang kita mujudaken katresnan ingkang tulus lan suci, punika saged ndadosaken tiyang kathah pitados bilih piwucalipun Gusti Yésus pancèn rumesep ing manah kita minangka pandherek lan siswanipun Gusti Yesus. Minangka siswa, kita sami kedah migatosaken lan ngecakaken piwucalipun Sang Guru, inggih punika gesang tresna-tinresnan; boten malah mbujeng kalenggahan kanthi cara-cara boten prayogi ingkang cengkah kaliyan karsaning Gusti Allah. Punapa malih nalika sampun pikantuk kalenggahan; kita lajeng gumunggung, umuk, ngasoraken liyan lan tumindak daksiya

 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa