Minggu, 01 Mei 2022

PANDONGA

 PANDONGA


Gusti Allah ingkang Mahamulya Kawula sujud ing salebeting pandonga Saestu agung sih Paduka

Tansah makarya lan ngrimati gesang kawula Kados prasetya Paduka: “Kowe ora bakal daktinggal lola”. Kanthi ngugemi prasetya Paduka punika dhuh Gusti, Kepareng kawula nglajengaken gesang peparing Paduka. Lumebet ing wulan ingkang anyar kanthi tekad ingkang anyar ugi Nindakaken timbalan Paduka mbabaraken kawilujengan dhateng sesami murih jagad punika tentrem Basuki. Amin


Apa Kowe Dhemen Karo Aku?

(Yokanan 21:17a)

Pancen awrat raosing manah menawi kita nate tumindak lepat dhateng kanca kita. Kita rumaos lingsem menawi pinanggih piyambakipun. Raos punika ugi mijil ing manahipun Simon Petrus. Menawi kemutan anggenipun nyelaki Gusti Yesus rikala semanten, piyambakipun lingsem lan rumaos boten pantes ing ngarsaning Panjenenganipun. Pramila sacara mirunggan, Gusti Yesus nimbali lan ndangu piyambakipun: “Apa kowe tresna/dhemen marang Aku?” Kaping tiga anggenipun Gusti Yesus ndangu lan kaping tiga ugi anggenipun Pétrus mangsuli bilih piyambakipun remen dhumateng Gusti. Pandangunipun Gusti Yesus ingkang dipun wangsuli ngantos ambal kaping tiga punika mbokmenawi ngémutaken dhateng Petrus bilih piyambakipun ugi nyélaki Panjenenganipun ngantos ambal kaping tiga! Punika ingkang damel manahipun sedhih awit ngrumaosi bilih nalika semanten, ingkang katindakaken tebih saking raos tresna dhumateng Gusti Yésus! Sinaosa mekaten, Simon Petrus tetep atur wangsulan: “kawula remen dhumateng Paduka!”

Salajengipun Gusti Yesus ndhawuhi Petrus supados ngengen pasamuwan. Punika ngemu suraos ingkang wigatos! Ayahan ingkang kaparingaken dhateng Pétrus punika ndadosaken manahipun pulih lejar lan bingah asukarena awit rumaos sampun pinitados malih déning Gusti Yesus kangge nindakaken ayahan kagem Panjenenganipun!

Prastawa punika saged dados pangatag supados kita purun paring pangapunten dhateng soksintena ingkang tumindak utawi pocapanipun sampun natoni manah kita awit sejatosipun kita piyambak ugi taksih mbetahaken pangapunten saking sesami lan mirunggan saking Gusti Allah menawi nindakaken kalepatan. Sumangga suedya mbangun lan mulihaken sesambetan malih ingkang kebak ing katresnan kaliyan sesami murih tuwuh lan lestantuning karahayon. 








 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa