NDEDONGA LAN NGIDUNG
(Lelakone Para Rasul 16: 25a)
Manawi kita namung maos ayat nats punika kemawon, kadosipun kita boten badhe nyumerepi kawontenan ingkang ngeram-eramaken. Ingkang katindakaken dening Paulus lan Silas nalika dipun kunjara punika prekawis limrah; inggih punika ndedonga lan ngidung. Ananging menawi satunggal perikop kagatosaken, kita badhe manggihaken prastawa ingkang ngedab-edabi! Kacariyos wonten lindhu ageng ingkang damel talesing pakunjaran horèg, korining sami menga sarta rantenipun tiyang-tiyang ingkang kinunjara sami ucul! Elok sanget!
Kawontenan ingkang ngeram-eramaken punika dumados pancen boten awit saking punapa ingkang dipun tindakaken dening Paulus lan Silas, ananging mligi awit saking sih-piwelas saha panguwaosipun Gusti Allah. Sinaosa mekaten, kita saged sinau saking punapa ingkang dipun tindakaken dening Paulus lan Silas. Padatanipun manungsa dados semplah lan ajrih saktemah kecalan kakiyatan lan pangajeng-ajeng. Punika kita panggihaken wonten ing para sadherek ingkang sampun sakwetawis wekdal nandhang sakit ingkang awrat, ingkang sami boten saged mangsulaken ampilan ingkang awis cacahipun utawi ingkang kinunjara kados Paulus lan Silas. Dene anggenipun sami ndedonga lan memuji punika nelakaken kados pundi kedahipun para pandherekipun Gusti Yesus nalika ngadhepi kasangsaran; inggih punika boten semplah ing manah, ananging tumemen ndedonga lan tansah memuji Gusti Allah minangka wujuding pangandel dhumateng pitulunganipun. Malah ingkang katindakaken dados paseksi kangge sanesipun!
Gusti Allah migatosaken para pitados ingkang sumendhe lan pitados dhateng Panjenenganipun sinaosa ngadhepi lan nyanggi panandhang saktemah enggal paring kakiyatan lan panglipuran! Kakiyatan lan panglipuran saking Gusti Allah dados daya ingkang damel kita boten badhe nglokro nalika ngadhepi sedaya bebaya saha karibedaning gesang.