Panggawe Becik
(Lelakone Para Rasul 9: 36b)
Wonten unen-unen ingkang mekaten: “ngundhuh wohing pakarti.” Unen-unen punika ngemu tegesi bilih saben tiyang badhe ngundhuh wohing tumindakipun. Menawi kita ngraos-raosaken gesangipun Tabita ing waosan kita samangke, kita saged nyumerepi bilih piyambakipun ngundhuh katresnan awit samangsa gesang, piyambakipun asring tumindak sae lan paring pambiyantu utawi dedana dhateng tangga-tepalihipun, mirunggan para waranda. Nalika piyambakipun seda, kathah tiyang ingkang sami rumaos kecalan. Dhateng rasul Petrus, para warandha sami ngunjukaken sandhangan- sandhangan ingkang kaparingaken dening Tabita nalika taksih sugeng. Kawontenanipun nalika Tabita séda pancèn nrenyuhaken manah awit saking katresnanipun tiyang-tiyang ingkang sami nandhang dhuhkita.
Puji Gusti! Lumantar rasul Petrus, Gusti Allah kepareng paring pitulungan kangge tiyang-tiyang ing Yope, mirunggan tumraping Tabita. Nalika Petrus ngendika: “Tabita, tangia!”; piyambakipun lajeng gumregah wungu lan njenggèlèk lenggah. Wungunipun Tabita saking pejah saestu mbingahaken manahipun tiyang-tiyang punika lan ndadosaken kathah tiyang ing Yope sami manjing pitados dhumateng Gusti Yesus. Wungunipun Tabita saking pejah saestu nedahaken panguwaosipun Gusti Allah lan dados paseksi ingkang endah ing satengahing kitha Yope. Wondene Rasul Petrus dados lantaraning pakaryanipun Sang Kristus. Tetela bilih paseksi bab pakaryanipun Gusti Yesus kababar lumantar maneka warni cara; sae punika awujud piwulang ing papan pangibadah, mekaten ugi lumantar peladosan lan pitulungan kanggé tiyang ingkang kesrakat.
Sadaya cariyos bab gesangipun Tabita punika boten namung mulang kita bab panguwaosipun Gusti Allah, nanging ugi nuntun kita supados nitipriksa gesang kita piyambak-piyambak minangka tiyang pitados. Punapa gesang kita sami sampun mujudaken katresnan kangge tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kita? Punapa kita sampun mujudaken pandamel becik kanthi atur dedana kanggé sesami?