Minggu, 27 Maret 2022

Ukuraning Manungsa (II Korinta 5:16a)

 Ukuraning Manungsa

(II Korinta 5:16a)


‘Eee, iki dha rebutan apa ta? Kok rame banget, nganthi swarane ko njaba krungu?” “ Anu Bu, niku dhimas Adi kepengin roti ing meja punika, rotine namung setunggal, lajeng kula dum padha, ning sajake mboten trima lan ngrebat roti kula”. “Ngono to Di?” “Mboten ngaten Bu, kan kula anak ragil, kudune kangmas luwis tresna karo aku, rotine diparingke kulo sedaya, mboten didum kados mekaten”. “Oh ngono to?”

Nah, menawi sampun dumugi bab ukuran, kula kinten ing antawisipun kula lan panjenengan saged nggadhahi pamanggih ingkang beda kados cariyos ing ngajeng. Conto bab ibadah online lan ibadah onsite punika benten pamanggih ing antawispun greja satunggal lan satunggalipun, ing antawis pradata utawi warga ing satunggal pasamuan mawon saged beda. Kados ta ing dhasar Kitab Suci ingkang dados landesan dumugi tafsiripun, ing panemu saking seserepan medis lan sanesipun. Punika saged ugi karana latar belakang ing bab pasinaon, pengalaman, lingkungan, padhatan, pranatan ingkang ndadosaken ukuran punika beda.

Sadaya punika limrah. Ananging prayoginipun sedaya tiyang sami ngrumangasani, ora nganggep bener dhewe tumrap ukuranipun, saha mboten nglepataken ukuraning liyan. Langkung prayogi menawi ukuran ingkang dados patrap gesang kita tinalesan ing sihipun Gusti Allah murih kita saged nuhoni kersanipun lan dados titah anyar. Titah anyar ateges gesang kita namung manut patrapipun Gusti Allah. Anggen kita nglampahi gesang, tansah mbudidaya amrih pamanggih, panemu kita tansa ngener dhumateng Sang Kristus. Kanthi mekaten para titah kang anyar punika ugi ngugemi ukuran ingkang anyar, sanes ngendelaken ukuraning manungsa ananging miturut ukuranipun Sang Kristus. Temtu mboten gampil, pramila tansah nyuwun pitulunganipun Sang Roh Suci lan tansah mbudidaya kanthi saestu. Amin |*AS


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa