Ingsun Iki Tetamengira
(P. Dumadi 15:1b)
Rikala kula alit asring dolanan prang-prangan ingkang bedhilipun saking debog pisang, didum ponto lajeng pingsut, ingkang menang pados papan dhelik, ingkang kalah madosi. Umumipun pados wit gede utawi tembok supados mboten konangan, saged nembak ujug-ujug lan saged enda nalika dipun tembak. Raosipun ayem manawi sampun pikantuk wit gedhe kangge ndhelik, seneng lan lega awit yakin bilih wit gedhe punika aman lan saged ngayomi.
Asring gesang kita punika mboten lumampah kados pangajeng-ajeng kita. Kita saged nemahi apes, sedhih, sisah, mboten pikantuk margi luwar. Malah wonten raos dioyak-oyak kahanan lajeng mboten sabar, asring nesu, kemrungsung, lan mboten saged wening mirsani kahanan.
Rama Abram rumaos sampun sepuh lan mboten kagungan putra, lah sedaya barang darbekipun temtu badhe kaedum dhateng para abdinipun. Ngantu-antu turun dumugi wekdal semanten awit Gusti Allah dereng maringi. Ngemuti Ibu Sarai ingkang sampun yuswa sepuh, sacara nalar, mokal badhe ngandhut. Manawi dipun etang, piyambakipun priyantun ingkang mbangun-turut dhumateng Allah wiwit nilar kang Ramanipun saking Ur- Kasdim kangge netepi kersanipun Gusti. Gesang ingkang sampun mapan lan rahayu dipun tilar kagem mundhi dhawuh kersanipun Allah, tumuju dhateng negri ingkang dipunprasetyakaken. Gusti Allah ngendika: “Ingsung iki Tamengira”. Gusti Allah kepareng dados tetameng ateges pelindung tumrap Rama Abram. Rama Abram kabombong lan kakiyataken karana Gusti Allah piyambak ingkang dados tamengipun. Tegeseipun, Panjenenganipun dados papan pangunsen, papan sambat sebut, papan ingkang nuwuhaken ayem awit njamin kawilujenganipun rama Abram. Rama Abram punika kaangep mirunggan wonten ing ngarsaning Gusti Allah, awit saestu pitados lan tuhu setya dhumateng Gusti. Kados pundi gesang kita ing ngarsanipun Allah?