Minggu, 06 Maret 2022

NINGGAL JALA IWAK DADI TUKANG JALA WONG (Lukas 5:8)

 NINGGAL JALA IWAK DADI TUKANG JALA WONG (Lukas 5:8)


Nalika rawuh ing pinggire Tlaga Genesaret, Gusti Yesus kersa nggunakne prahune Simon kanggo memulang wong akeh sing padha lelungguhan ing pinggir tlaga. Simon apes sewengi muput blas ora oleh iwak. Yagene anake tukang kayu saka Nasareth wani-wanine ngakon nibakne jala supaya oleh iwak? Sanajan kanthi abot, dhawuhe Gusti diestokne, oleh iwak akeh banget, jalane nganti meh bedhah, lan prahu loro diiseni iwak nganti kebak, malah nganti meh kerem.

Saka sadurunge ora pracaya, mujijat sing ditemoni Simon ndadekne dheweke langsung sujud sumungkem ing ngarsane Gusti Yesus lan matur, “Mugi kersa nebih saking kawula, Gusti, jalaran kawula tiyang dosa”. Simon lan kanca-kancane juru amek iwak katimbalan, “Aja wedi! Wiwit saiki kowe bakal Dakdadekake tukang njala wong.”

Juru amek iwak, utawa nelayan iku pegaweyan. Nanging juru amek wong, dadi tukang njala wong iku dhawuh timbalanne Gusti. Tukang njala wong iku dudu gaweyan kanggo nafkah kulawarga saben dinane, nanging kasedyan ndherekake Gusti, lan ngestokake dhawuh timbalane Gusti salawase. Iku dudu amarga kabisan utawa kapinterane Simon sakanca. Malah kang kawitan kaaturake ing ngarsane Gusti ora liya kejaba ngesorake dhiri ing pengaken, “Gusti mugi kersaa nebih saking kawula, jalaran kawula tiyang dosa!”

Simon sakanca ngamini, kwasane Gusti ngluwihi sakabehing pengalaman lan kaprigelane minangka juru amek iwak ing Tlaga Genesareth. Iku kang ndadekne padha sedya ninggal sakabehe sarta ndherekake Gusti Yesus. Kwasane Gusti nyantosakne Simon, Gusti ngrawuhi, nunggil, lan nimbali kanggo leladi! Nalika Gusti nimbali, aja semaya apa maneh nampik amarga luwih nggondheli gaweyan utawa papan sing dianggep luwih mapan. |*YTP


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa