Minggu, 20 Maret 2022

Ora Nduwe Dhuwit

 Ora Nduwe Dhuwit

(Yesaya 55:1b)


Kados pundi raosipun boten gadhah arta? Ndilalah ditangisi lare kapurih numbasaken HP Andorid kangge sekolah online. Sedhih, bingung, susah, nangis, mendel mawon punapa pados sambetan? WA, telpun kinten- kinten sinten ingkang purun nyilihi arta? Sokur malah maringi. Bilih dipuncandhak, gesang punika kados cakra manggilingan, wonten rikala ing inggil, cekap lan kadunungan mulya. Wonten ugi rikala ing ngandhap, dhawah, telas, gagal, kukut, tuna, sekedhik. Menawi lare mangkat sekolahan mboten disangoni arta punapa dene tetedhan temtu namung anteng, kendel ing kelas rikala wekdal ngaso, kanca-kancane sami wonten kantin, mbikak wadah tetedhan, tuku kojek, siomay, wuueenak tenan.

Ananging ugi wonten sakperangan ingkang apes, mboten nate gadhah arta, anggenipun nedha namung sakwontenipun, kadang wonten kadang mboten. Wonten ugi ingkang mboteng gadhah omah, lajeng sakpurug- purug manggen namung kangge tilem. Wonten ing Kitab Suci punika taksih wonten wewengan kagem imbanging bab sosial, conto menawi panen mboten sedaya dipanen, ing pojok-pojok sabin ditilar mboten dipanen kagem wong sekeng. Kados cariyos Rut ingkang kagolong mlarat. Rikala Boaz panen, nyrantos cekap lajeng mendeti tirahan ing saben pojok sabin ingkang sacara tradisi kacawisaken tumrap tiyang ingkang sekeng. Lajeng ing taun kaping seket utawi taun Yobel punika langkung mirunggan malih.

Sumangga kita sami nisihaken sakperangan berkahipun Gusti mboten namung wujud pisungsung ning ugi dedana (Matius 6:1-4). Awit berkah punika langkung prayogi menawi ugi dipun edum ateges kula diberkahi lan mberkahi. Supados dados imbanging gesang kita sedaya ing jagad, murih wradinipun berkahipun Gusti Allah. Amin. |*AS


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa