Minggu, 20 November 2022

PANDONGA

 PANDONGA

Dhuh Allah murbeng rat Kawula asung puja lan urmat. Awit Paduka punika Allah ingkang mengku sadaya tumitah Ing sajagad rat Paduka ingkang ngreksa kawula. Satemah gesang kawula boten kirang satunggal punapa. Lumebet ing masa Adven lan Natal punika Sinagedaken kawula ngengeti lan ngraosaken Katresnan Paduka ingkang karsa manjalma kangge nebus dosa kawula semanten ugi kawula sinagedaken methukaken rawuh Paduka kanthi tetep setya dhumateng Paduka lan pinanggih gesang sembada ing ngarsa Paduka. Kawula ugi nglenggana awit kathah panerak lan dosa dhateng Paduka mugi Paduka karsa paring pangaksami. Anggen kawula methukaken rawuh Paduka kawula nyuwun panuntun supados saged gesang midherek ing karsa Paduka lan saged nggiyaraken Injil Paduka satemah sadaya tumitah wanuh dhumateng Paduka lan ngluhuraken asma Paduka wonten ing Putra Paduka, Gusti Yesus Kristus kawula ndedonga. Amin


KITA PUNIKA GREJA (Kolose 1:13-14)

Tembung greja punika saking basa Portugis igreja. Dene tembung igreja piyambak kapendhet saking basa Yunani ekklesia, ingkang nggadhahi teges dipun timbali medal utawi dipanggil ke luar (ek = Ke luar/ out lan klesia saking tembung kaleo = dipanggil/ called). Wonten ing seratipun dhateng pasamuwan Kolose, Rasul Paulus ngendika bilih pasamuwan punika tiyang ingkang sampun dipun luwari dening Gusti Yesus saking panguwaosing pepeteng utawi panguwaosing dosa. Gusti Yesus inggih Allah ingkang rawuh manjalma lan ngorbanaken sariranipun piyambak minangka bebanten tumrap panebusing dosa. Wonten ing Gusti Yesus, pasamuwan katebus lan nampi pangapuntening dosa. Pasamuwanipun Gusti punika ingkang kasebat greja inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun kabandhang dening Gusti Yesus medal saking panguwaosing dosa.

Dosa mujudaken panguwaos ingkang misahaken sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti Allah. Panguwaosing dosa punika ingkang njalari manungsa panggah nindakaken kadurakan. Wonten ing dosanipun, manungsa nampi paukuman inggih punika pepejah. Ananging Gusti Yesus sampun nanggel paukuman kita kanthi seda kagantung ing kajeng salib. Lumantar pangorbananipun Gusti Yesus, kita karukunaken malih kaliyan Gusti Allah. Kita kadadosaken titah anyar, tiyang ingkang pantes nampi panduman ing Kratoning Pepadhang.

Minangka titah anyar, kita kedah nilaraken gesang lami inggih punika gesang mblasar ing dosa. Kita punika greja, pasamuwanipun Gusti ingkang tansah katimbalan murih ngudi cak-cakaning gesang anyar. Kita kedah nilaraken sadaya tumindak dosa lan gesang ngener karsanipun Allah. I





 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa