Senin, 07 November 2022

DISANTOSA ATINIRA ING SADENGAH KAHANAN! (Hagai 2:5)

 


DISANTOSA ATINIRA ING SADENGAH KAHANAN! (Hagai 2:5)


Arianna Huffington punika tiyang ingkang kasil ing bisnis koran digital. Arianna punika tiyang ingkang semangat, taberi, lan mboten gampil nglokro nemahi pepalang, dipun paiben, punapa malih karemehaken. Arianna miwiti karier minangka penulis buku. Piyambakipun lajeng mbikak usaha koran digital ingkang kaparingan nami “Huffington Post.” Ing wiwitanipun, “Huffington Post” nampi kathah panyaruwe lan karemehaken. Ananging Arianna mboten nglokro, malah sangsaya sengkut tetep makarya. Nyatanipun, “Huffington Post” saged ngrembaka ngantos gadhah redaksi ing 16 nagari. Sengkut makarya lan kataberenipun Arianna nemahi pepalang mujudaken salah satunggaling tuladha bab manah ingkang santosa. Gela lan nglokro nate karaosaken dening tiyang Yahudi kados kacariosaken ing Kitab Hagai 2. Raos punika tuwuh awit Padaleman Suci ingkang kabangun sasampunipun wangsul saking Pambuwangan ing Babel, kawon elokipun katandingaken kaliyan Padaleman Suci saderengipun. 

Gusti Allah paring pangandika lumantar Nabi Hagai saprelu nyantosakaken manahipun Zerubabel minangka Bupati Yehuda, Imam Agung Yusak, lan sadaya tiyang Yahudi. Gusti ngersakaken supados sami tetep sengkut tumandang awit

Gusti ingkang nganthi lan mberkahi. Kamulyaning Padaleman Suci mboten adhedhasar wewangunanipun, ananging awit Gusti ingkang dhedhampar ing satengahing umat. Kadosdene timbalan tumrap tiyang Yahudi, kita ugi katimbalan supados tansah disantosa ing manah nemahi sadhengah kawontenan awit Gusti tansah nganthi lan mberkahi.


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa