Minggu, 24 April 2022

Pitados (Yokanan 20:29)

 Pitados

(Yokanan 20:29)


Wonten ing jaman samangke kathah tiyang ingkang nembe purun pitados dhateng satunggal bab menawi wonten bukti, seksi lan sokur bage saged sumerep piyambak. Kamangka ing kasunyatan kathah bab ingkang boten saged dipun buktekaken kanthi gamblang, langkung-langkung ngengingi bab ingkang illahi.

Pratelan ingkang pungkasan saking Injil Yokanan 20:29 “Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel” punika nandhesaken wigatosing iman utawi piyandel tumrap tetiyang ingkang boten nate nyumerepi Gusti Yesus ingkang wungu saking antawisipun tiyang pejah. Iman ingkang sami dipun kersakaken saking tiyang-tiyang ingkang ngaken nate sumerep bilih Gusti Yesus wungu. Wungunipun Gusti Yesus minangka punjering iman tumrap tiyang pitados. Para sakabat ngakeni bilih Gusti Yesus punika Gusti Allahipun. Tomas pitados lan atur wangsulan dhateng Gusti Yesus: “Dhuh Gusti Kawula, Allah kawula!” Para sakabat ingkang nate gesang sesarengan kaliyan Gusti Yesus sami kumandel awit sarana pepanggihan sacara pribadi kaliyan wujudipun Gusti Yesus. Gusti Yesus ingkang rawuh wonten ing satengahing para sakabat nalika nembe sami tetunggilan ing griya ingkang korinipun kakancing, mratelakaken sariranIpun kanthi nedahaken bekas tatu ing asta saha lambungIpun.

Tiyang-tiyang samangke ugi katimbalan supados sami pitados boten awit sumerep Gusti Yesus, ananging karana pangandikanipun Gusti Yesus lan paseksenipun para sakabat ingkang mratelakaken pangandikanipun Gusti Yesus: “Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel”. Mila sumangga minangka para pandherekipun Gusti Yesus, kita kedah tanpa kendhat anggenipun sami ngrembakakaken iman kapitadosipun dhateng Gusti Yesus sanadyan boten wonten tetingalanipun Gusti Yesus saha bukti ingkang kasat netra.I*PS


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa