Minggu, 10 April 2022

Ngasoraken Dhiri (Filipi 2:8)

 Ngasoraken Dhiri

(Filipi 2:8)

Ing gesang jaman punika, kathah tiyang ingkang remen lelamisan kanthi ngapusi; sae punika ngapusi tiyang sanes, mekaten ugi ngapusi dhirinipun piyambak. Tundhanipun, ngapusi punika kangge kabetahanipun piyambak. Contonipun kanthi majang foto mesra wonten media sosial, nanging estunipun kawontenanipun saweg boten ayem-tentrem lan sesambetanipun saweg kirang prayogi. Dados anggenipun ngapusi punika kangge damel tiyang sanes nganggep dhirinipun tansah sae lan sampurna satemah kakuranganipun piyambak katutup.

Pasamuwan Filipi kaemutaken dening rasul Paulus supados sami sumedya ngasoraken dhiri kados dene Gusti Yesus. Sinaosa Panjenenganipun punika Gusti Allah pribadhi, nanging karsa dados manungsa, nandhang sangsara ngantos dumugi seda kanthi cara ingkang asor lan wungu malih saking antawisipun tiyang pejah murih kawilujenganing jagad. Panjenenganipun boten ngeman dhirinipun awit saking tresnanipun.

Kakiranganing dhiri punika saged damel tuna dhiri pribadhi, ugi damel tunaning sesami. Mila estunipun tiyang nutupi kakiranganipun punika awit boten nresnani dhirinipun piyambak lan sesami. Nutupi kakuranganing dhiri punika gumunggung. Piyambakipun dipun alem dening sesami nanging gesangipun ajeg boten migunani tumraping sesami. Dene purun ngakeni kakirangan bokmenawi damel lingsem. Nanging menawi purun ndandosi dhiri, piyambakipun kabangun dados pribadhi ingkang langkung sae saktemah gesangipun migunani tumraping sesami. Mila temtu kita sarujuk bilih kakuranganing dhiri punika boten dipun tutupi, nanging kanthi andhap asor dipun akeni lan dandosi.

Ing mangsa Pra Paskah punika kita katimbalan gesang andhap asor kanthi nilar patraping gesang nutup kakiranganing dhiri ngantos purun ngapusi sesami lan dhiri pribadhi. Sumangga nulad Sang Kristus ingkang karsa ngasoraken dhiri satemah dados berkah kangge tiyang kathah. I*PS


 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa