Minggu, 03 April 2022

PANDONGA

 


PANDONGA


Gusti Allah ingkang dados sumbering gesang kawula ngaturaken agunging panuwun lan sokur, awit Paduka tansah paring kasantosan saha kawicaksanan. Sesarengan minangka warganing Pasamuwan Gereja Kristen Jawi, kawula ngunjukaken pandonga, pangangen-angen, pitembungan, tumindak saha pakaryan ing gesang kawula sae punika ingkang damel bingah punapadene ingkang nuwuhaken kasisahan lan kaprihatosan. Wonten ing patunggilanipun Sang Roh Suci kepareng kawula sami ngraos-raosaken pakaryanipun Gusti Yesus Kristus, ingkang seda sinalib lan wungu malih ngawonaken pati. Mugi Sang Roh Suci nuntun lampah gesang kawula saha paring pepadhang dhumateng kawula temahan kawula sumadya dados seksining katresnan Paduka. Mirunggan wonten ing mangsa Paskah punika kawula sangsaya saged ngraosaken pakaryan Paduka ingkang mulihaken gesang kawula minangka para kagungan Paduka sumrambah tumrap sadaya umat. Amin.


 


NGLUHURAKEN GUSTI ALLAH


(YOKANAN 12:3)


Saben tiyang temtunipun nggadhahi hobi utawi klangenan. Nalika gadhah hobi utawi klangenan, tetiyang punika badhe kanthi rila ngurbanaken punapa kemawon namung kangge nggayuh ingkang dados pepinginanipun tanpa menggalih untung-ruginipun. Conto; kangge saged nggadhahi barang antik kados dene keris pusaka ingkang midherek sejarah nggadah daya ingkang ngedab-edabi, tetiyang sumadya mundhut keris punika kanthi regi atusan yuta. Punapa mboten saged arto ingkang kathah gunggungipun punika dipun agem kangge bab sanesipun ingkang langkung migunani?


Punika ingkang dados pitakenanipun Yudas Iskariot ingkang saweg namataken tumindakipun Maryam nalika njebadi sampeyanipun Gusti Yesus. Lisah jebad nared tulen ingkang aji sanget lan awis sanget reginipun, kaginakaken dening Maryam kagem njebadi sampeyanipun Gusti Yesus. Ingkang katindakaken dening Maryam punika kabereg dening katresnanipun dhumateng Gustinipun. Maryam gadhah krenteg ngluhuraken asmanipun Gusti Yesus kanthi sadaya ingkang wonten ing gesangipun. Awit katresnanipun, Maryam sumadya ngaturaken ingkang langkung sae, inggih punika barang darbekipun ingkang aji lan awis katur Gusti Yesus kanthi rila, eklas lan boten etang- etangan untung-rugi.


Saksampunipun lelampahan punika, gantos Gusti Yesus ingkang kanthi rila, eklas lan tanpa wonten etang-etangan untung-rugi mujudaken katresnanipun dhateng jagad lan manungsa kanthi nandhang sangsara, seda sinalib lan wungu malih saking antawising tiyang pejah supados jagad lan manungsa sami kawilujengaken. Punika wujuding raos tresna lan bektinipun dhateng sang Rama. Gusti Yesus boten ngeman gesangipun piyambak kagem kaluhuranipun sang Rama. Raos sokuripun Maryam lan pakaryan kawilujengan ingkang katindakaken Gusti Yesus dados tuladha dhateng kita supados sami sumadya ngluhuraken Gusti Yesus lumantar kanthi sakwetahing gesang tanpa ngetang untung-rugipun.


 

 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa