Retreat
(Markus 6: 41)
Sasampunipun kita sami makarya wiwit pletheking surya dumugi ing ratri, mesthi kemawon raga kita lungkrah tanpa daya. Kanthi kawontenan ingkang kados mekaten kita kepengin ngaso tanpa dipun ganggu dening swasana ingkang wonten ing sakiwa tengen kita. Boten mokal manawi kita lajeng pados papan ingkang sepi supados saged ngaso kanthi sekeca.
Gusti Yesus lan para sakabat ugi ngraosaken lungkrah utawi sayah nalika sedinten muput sami tindak mbabaraken pakaryanipun Allah, malah kepara dahar lan ngaso kemawon boten saged. Gusti Yesus pirsa manawi para sakabat ugi sami lungkrah, lajeng paring pangandika: ”Ayo padha menyang papan kang sepi“. Papan ingkang sepi punika dipun remeni dening Gusti Yesus lan para sakabat. Kanthi mekaten lajeng sami tindak nitih prau tumuju dhateng papan ingkang sepi (ayat 42).
Wonten sawetawis warganing pasamuwan ingkang asring ngraosaken sayah, dadosa paripurna makarya punapa dene sayah ngadhepi prekawis kathah ing gesangipun. Ingkang lajeng dipun lampahi inggih punika ngupados papan ingkang sepi supados raga lan penggalihipun saged ngaso. Prekawis punika saged dipun wastani “Retreat“ lan papan kangge retreat punika padhatanipun papan ingkang sepi kanthi ancas lan tujuan supados tiyang sami saged ngenerakan manahipun kanthi saestu dhumateng Gusti. Ing kegiatan retret punika maneka warni ingkang sami dipun lampahi. Sami ngeningaken manah, ngraosaken tuwin nyawang pakaryanipun Gusti ingkang katampi saben wekdal lan kawontenan. Kanthi mekaten lajeng tuwuh greget ingkang anyar kangge nglajengaken ayahan ing gesang.