Minggu, 18 September 2022

Setya Ing Prekawis Ingkang Alit (Lukas 16:10)

 

Setya Ing Prekawis Ingkang Alit (Lukas 16:10)

 

Tembang “Banyu langit” anggitanipun almarhum Didi Kempot, nggambaraken swasana ing pucuking gunung Merapi Purba ingkang wonten ing laladan Ngalanggeran, Wonosari Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing papan punika wonten redi ingkang inggil sanget. Sok sintena ingkang badheminggah dhateng pucuking gunung punika, mesthi kemawon kawiwitan saking jangkahing suku. Boten saged lajeng dumunung ing pucuking gunung punika. Sakedhik mbaka sakedhik suku punika obah lan kinanthenan kanthi tekun kebak ing kesabaran. Dumugi ing pucuking redi kita saged ningalipakaryanipun Gusti ingkang sarwi nengsemaken. Waosan kita wekdal punika mujudaken piwucalipun Gusti Yesus lumantar pasemon bab juru gedhong ingkang boten setya tuhu nalika dipun pitadosi ngobet-ngingeraken bandha ingkang dipun pitayakaken dhateng piyambakipun. Juru gedhong punika namung bujeng pikajengipun piyambak srana tumindak ingkang boten jujur. Kepengin enggal sugih tanpa lumampah dhateng margining kaleresan. Kados pundi tundhanipun? Juru gedhong punika kedah nampi pituwasipun. Kedah purun kèndel utawi mungkasi pedamelanipun kanthi raos cuwa ing manah.

Kathah piyantun ingkang kasil, satata kalenggahan punapa dene kasil ing babagan usaha. Sedaya kala wau mesthi kawiwitan saking ngandhap. Sekedhik mbaka sekedhik tumunten saged nggayuh punapa ingkang dados rancanganing gesangipun. Wonten ing margi tumuju ing gegayuhan punika temtu ugi kathah reridhu, pacoben lan ujian. Ananging sedayanipun saged dipun lampahi kanthi setya tuhu. Kasetyan kawiwitan saking prekawis ingkang alit. Tumindak ingkang prasaja. Tansah ngener dhateng margining kaleresan. Tumunten badhe ngraosaken wohing pambudidaya punika. Sok sintena ingkang setya tuhu dhateng prekawis ingkang alit, ing tembe ugi badhe setya ing prekawis ingkang langkung wigatos.

 

 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa