Minggu, 04 September 2022

PANDONGA

 PANDONGA

Gusti Allah, Rama kawula ingkang wonten ing swarga. Kepareng kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka. Kawula ngaturaken puji lan panuwun awit pengreksa tuwin pangrimat Paduka ing sauruting gesang kawula dalah gesanging pasamuwan-pasamuwan kagungan Paduka. Saestu, dhuh Allah ingkang Mahamirah Dumugi ini titi wanci punika. Kawula sami tansah ngraosaken lubering berkah Paduka. Lumebet ing wulan September 2022, Inggih punika Wulan Katekese Liturgi Kangge pasamuwan-pasamuwan kagungan Paduka. Ing tlatah Sinode GKJ Kawula sami nyuwun panganthi lan berkah Paduka Supados saged sesarengan sinau mratelakaken pangibadah sejati lumatar gesang saben ari kanthi mekaten dhuh Rama karsa Paduka tansah kalampahan punapa dene asma Paduka tansah kaluhuraken. Amin

Urip Iku Sang Kristus Mati Iku Kabegjan (Filipi 1 : 21)

Sedaya manungsa ingkang gesang wonten ing jagad punika samangke badhe ngalami pejah. Dadosa ingkang kagungan kalenggahan, ingkang sugih punapa dene ingkang mlarat. Bab pepejah punika namung Gusti Allah  ingkang pirsa lan ingkang mranata. “Urip iku mung mampir ngombe”, punika satunggaling wewarah menggahing tiyang jawi, ingkang tegesipun gesanging manungsa punika winates. Namung sekedhap wonten ing jagad punika. Langkung saking punika pepejah utawi pati punika boten mesthi kawiwitan saking ingkang sepuh. Saged ugi saking ingkang anèm, gumantungn saking kersanipun Gusti Allah. 

Waosan kita wekdal punika nyariosaken lelampahanipun Rasul Paulus nalika ngintun serat dhateng pasamuwan ing Filipi, nalika piyambakipun  wonten ing salebeting pakunjaran. Rasul Paulus boten mangertos nalika ngadhepi perkawis punika. Punapa samangke badhe nemahi pejah ing  pakunjaran? Utawi tetep kemawon kasiksa dening tiyang-tiyang ingkang dados mengsahipun wekdal semanten? Kenging punapa Paulus tetep tanggon\ ngadhepi prekawis punika? Awit piyambakipun sampun ngewahi tata gesangipun wiwit tepang kaliyan Gusti Yesus nalika lumampah tumuju ing Damsyik. Rasul Paulus gadhah semangat ingkang makantar kantar kangge nyebar kabar kabingahan punika. Awit saking semangatipun punika piyambakipun pitados, menawi ngantos dumugi pejah punika mujudaken  wiwitan kangge kepanggih kaliyan Gusti Yesus. Pramila punika satunggaling kabegjan. 

Nyebar kabar kabingahan boten namung maujud wonten ing satengahinggesang srana memucal, ananging langkung saking punika, inggih nresnani dhateng Gusti Allah lan sesami lumantar tata gesang kita ing padintenan. Menawi ing sauruting lampah gesang kita tansah mbangun miturut dhateng Sang Kristus, lan samangke nemahi pejah, boten perlu kuwatos awit punika mujudaken kabegjan.




 
KLIK TOMBOL HIJAU INI UNTUK BERTANYA KONSULTASI DENGAN PENDETA GKJ BANGSA VIA WHATSAPP - 085228765288
wa